Syi'ir Al-Qur'an Visi Misi Qiraati
1
|
Ngawiti
ingsun syi'ir alqur'an
Kelawan
muji marang pengeran
Ugo
sholawat katur kaparingan
Nabi
Muhammad conto panutan
|
8
|
Akeh
kang hasil mulang alqur'an
Krono
negakke kang dadi aturan
Urusan
dunyo ra dadi rebutan
Niyate
bener marang pengeran
|
2
|
Moco
Al-qur'an akeh salahe
Bakal
den laknat ing akhirote
Pomaneh
mulang karepe dewe
Numpuk
dusone dobel seksane
|
9
|
Sabar lan ikhlas kudu den toto
Moco
alqur'an kang saben dino
Tangine
bengi kudu den jogo
Wasiyat
guru mesti karekso
|
3
|
Akeh kang mulang karepe dewe
Ra katon qur'an arto katone
Maksute
salah ugo niyate
Ing
akhirote tolak amale
|
10
|
Yo
podo jogo wacan alqur'an
Derajat mulyo mesti katekan
Po maneh rohmat lan kenikmatan
Terus den tambah tanpo pitungan
|
4
|
Mulang
alqur'an tanpo meguru
Syetan
gurune mesti den tiru
Yen
di elengne ra gelem gugu
Lisane mbisu atine grutu
|
11
|
Paling utomo nyebarke ilmu
Mulang Alqur'an ra dodol buku
Ngajine keno hasile mutu
Surgo manggone mesti kalebu
|
5
|
Ngino alqur'an mulang kang salah
Sikape acoh nglakoni wegah
Yen den kandani nafsune bantah
Setane seneng nrokone bungah
|
12
|
Guru Alqur'an kang ati-ati
Santrine seneng waline gati
Derajat mulyo dadi wong aji
Hajate cukup urusan mari
|
6
|
Santri alqur'an kang mulang ngaji
Ngosongke
akal kotore ati
Ninggalne
polah ra manfa'ati
Ra
bakal nganyang nurute mesti
|
13
|
Didik Alqur'an sam'an wa tho'ah
Mutu kajogo ilmune tambah
Syi'ar
lembaga mundak amanah
Ridlo
pengeran terus sumambrah
|
7
|
Yo
poro konco podo trengginas
Moco
alqur'an kudu kang awas
Ugo
mulange podo sing cerdas
Iku
mertondo atine waras
|
14
|
Ngakhiri ingsun syi'iran iki
Yo den amalne tumekan pati
Al-Qur'an hadir bakal nyafa'ati
Sangsoro ilang bejjo ngganteni
|
1 komentar:
Alangkau lebih indahnya bila kata-katanya di translate ke bahasa Indonesia...
Posting Komentar