Senin, 18 November 2013

Sya'ir Al-Qur'an


Syi'ir Al-Qur'an Visi Misi Qiraati



1

Ngawiti ingsun syi'ir alqur'an
Kelawan muji marang pengeran
Ugo sholawat katur kaparingan
Nabi Muhammad conto panutan

8

Akeh kang hasil mulang alqur'an
Krono negakke kang dadi aturan
Urusan dunyo ra dadi rebutan
Niyate bener marang pengeran

2
Moco Al-qur'an akeh salahe
Bakal den laknat ing akhirote
Pomaneh mulang karepe dewe
Numpuk dusone dobel seksane

9
Sabar lan ikhlas kudu den toto
Moco alqur'an kang saben dino
Tangine bengi kudu den jogo
Wasiyat guru mesti karekso

3
Akeh kang mulang karepe dewe
Ra katon qur'an arto katone
Maksute salah ugo niyate
Ing akhirote tolak amale

10
Yo podo jogo wacan alqur'an
Derajat mulyo mesti katekan
Po maneh rohmat lan kenikmatan
Terus den tambah tanpo pitungan

4
Mulang alqur'an tanpo meguru
Syetan gurune mesti den tiru
Yen di elengne ra gelem gugu
Lisane mbisu atine grutu

11
Paling utomo nyebarke ilmu
Mulang Alqur'an ra dodol buku
Ngajine keno hasile mutu
Surgo manggone mesti kalebu

5
Ngino alqur'an mulang kang salah
Sikape acoh nglakoni wegah
Yen den kandani nafsune bantah
Setane seneng nrokone bungah
12
Guru Alqur'an kang ati-ati
Santrine seneng waline gati
Derajat mulyo dadi wong aji
Hajate cukup urusan mari

6
Santri alqur'an kang mulang ngaji
Ngosongke akal kotore ati
Ninggalne polah ra manfa'ati
Ra bakal nganyang nurute mesti

13
Didik Alqur'an sam'an wa tho'ah
Mutu kajogo ilmune tambah
Syi'ar lembaga mundak amanah
Ridlo pengeran terus sumambrah

7
Yo poro konco podo trengginas
Moco alqur'an kudu kang awas
Ugo mulange podo sing cerdas
Iku mertondo atine waras

14
Ngakhiri ingsun syi'iran iki
Yo den amalne tumekan pati
Al-Qur'an hadir bakal nyafa'ati
Sangsoro ilang bejjo ngganteni










1 komentar:

Cafe Muttaqin mengatakan...

Alangkau lebih indahnya bila kata-katanya di translate ke bahasa Indonesia...